b. Bebasan
BEBASAN, yaiku tetembungan utawa unen-unen kang ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan. Sing dipindhakake kaanane wong utawa barang.
Tuladha :
• Wis kebak sundukane : wis akeh dosane
• Kebak luber kocak-kacik : wong sing kakehan ngelmu malah bisa owah pikirane
• Ngaup ngisor awar-awar : njaluk pitulungan wong ringkih (wong cilik)
• Nututi layangan pedhot : nututi barang remeh, ora kurub karo rekasane
• Emban cindhe emban siladan : ora adil
• Kaya banyu karo lenga : paseduluran sing ora bisa rukun
• Kakehan gludhug kurang udan : kakehan omong nanging ora ana nyatane
• Kegedhen empyak kurang cagak : kegedhen panjangka kurang srana
• Kebanjiran segara madu : oleh kabegjan kang gedhe
• Kerot tanpa untu : duwe kekarepan ora duwe sarana
#semogamembantu
[answer.2.content]